SELAMAT DATANG

TERIMA KASIH ATAS KUNJUNGAN ANDA

Senin, 15 Agustus 2011

PITUTUR LUHUR

mangkarya drajating praja
Kawuryan wus suryanturi
Rurah prangrehing ukara
Karana tanpa palupi
Atilar silastuti

Sujana sarjana kelu
Kalulun kalatida
Tandaning dumadi
Ardayengrat dene korban rubedo

Keni kinarata darsana
Seyekti akeh kewala
Panglimbang ala lan becik
Lelakon kang dadi tamsil
Masalahing ngaurip
Wahanira tinemu
Temahan anarima
Mupus pepesthening takdir
pulu-pilu anglakoni kelakon

Amenangi jaman edan
Ewuhaya ing pambudi
Melu edan nora tahan
Yen tan melu anglakoni boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Ndilallah karsa Alloh
Begja-begjane kang lali
Lewih begja eling lan waspada

Semono iku bebasab
Padu padune kepengin
Engih makaten man doblang?

Bener ingkang angarani
Nangin sajroning batin sejatine nyamut-nyamut
Wis tua arep ngapa?

Muhung makas ing asepi
Supaya entuk Pangasamaning Hyang Sukma, Hyang Maha Welas Asih, Hyang Maha Agung Hyang pengayom
Ngamembo pangayoming praja
Awujud tungguling nagara
Ayem tentrem nyawijining Hyang Sukma sejati